Omah Tugas

Minggu, 12 Agustus 2018



Sugeng pepanggihan para siswa...

Blog "Omah Tugas" niki bu Linna damel kagem para siswa ngempalaken tugas. Bu Linna badhe nggladhi para siswa supados saged nyerat mawi sarana media blog. Blog menika salah satunggaling sarana penunjang generasi zaman now. Pramila, para siswa kedah pitepungan kaliyan sarana menika supados saged ndherek ngraosaken teknologi zaman now, boten namung saged ngagem sarana facebook, instagram, twitter, lan youtube.

Mawi sarana blog menika para siswa saged nyerat pengalaman, cerkak, cerbung, geguritan, lan sapanunggalanipun. Mangga para siswa nggladhi nyerat ngagem sarana blog menika. 

Sugeng makarya




Mu'linnatus Sa'dah, S. Pd